IBU
Dening: Inarotud Dujja
Ibu....
Jago kluruk sepisan
Sliramu wungu saka dipan
Nyiapake sekabehane kebutuhan
Kanggo kaluwarga kang katresnan
Ibu.....
Trisna asih saka sliramu
Terus tinerus ngalir kayata banyu
Ing saben-saben dongamu
Terus kasebut awakku
Ibu...
Sliramu kayata bagaskara
Kang nyinari kauripanku
Pangestumu, dongamu, sarta pangapuramu
Terus tinerus sira curahake dhateng aku
Esemmu kang tak arepake
Kabahagiaanmu kang tak idam-idamake
Pangabdianmu tulus lan ikhlash
Tanpa pamrih.....
Ibu....
Ucapan matursuwun dhateng aku
Dereng saged mbales budiku marang ibu
Matursuwun ibu....
Tidak ada komentar:
Posting Komentar